Assalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh
ﺇِﻥَّ ﺍﻟْﺤَﻤْﺪَ ﻟِﻠﻪِ ﻧَﺤْﻤَﺪُﻩُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻌِﻴْﻨُﻪُ ﻭَﻧَﺴْﺘَﻐْﻔِﺮُﻩْ ﻭَﻧَﻌُﻮﺫُ ﺑِﺎﻟﻠﻪِ ﻣِﻦْ ﺷُﺮُﻭْﺭِ ﺃَﻧْﻔُﺴِﻨَﺎ ﻭَﻣِﻦْ ﺳَﻴِّﺌَﺎﺕِ ﺃَﻋْﻤَﺎﻟِﻨَﺎ، ﻣَﻦْ ﻳَﻬْﺪِﻩِ ﺍﻟﻠﻪُ ﻓَﻼَ ﻣُﻀِﻞَّ ﻟَﻪُ ﻭَﻣَﻦْ ﻳُﻀْﻠِﻞْ ﻓَﻼَ ﻫَﺎﺩِﻱَ ﻟَﻪُ. ﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻻَ ﺇِﻟَﻪَ ﺇِﻻَّ ﺍﻟﻠﻪ ﻭَﺃَﺷْﻬَﺪُ ﺃَﻥَّ ﻣُﺤَﻤَّﺪًﺍ ﻋَﺒْﺪُﻩُ ﻭَﺭَﺳُﻮْﻟُﻪُ. اَللّـٰـهُمَّ صَلِّ عَلٰى سَـيَّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَـيَّدِنَا مُحَمَّدٍ, أَمَّا بَعْدُ.
قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ. اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيْمِ.
وَمِنْ اٰيٰتِهٖٓ اَنْ خَلَقَ لَكُمْ مِّنْ اَنْفُسِكُمْ اَزْوَاجًا لِّتَسْكُنُوْٓا اِلَيْهَا وَجَعَلَ بَيْنَكُمْ مَّوَدَّةً وَّرَحْمَةًۗ اِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّقَوْمٍ يَّتَفَكَّرُوْنَ
Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.
Dumateng poro sesepuh pinisepuh ingkang satuhu kinabekten.
Dumateng poro pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang kinasih.
Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah Sidomulyo, ugi para tamu undangan kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.
Minangkaning purwokaning atur sumonggo tansah kulo derekaken ngraosaken puji syukur Alhamdulillah wonten ngarso dalem Alloh SWT. Ingkang sarono sih kawelasan soho lumeberipun rohmat taufik soho hidayahipun kulo dalah panjenengan sedoyo saget makempal manunggal wonten setunggal majlis, saperlu derek-derek mangestreni wontenipun acoro walimatul ‘urusy kanti kawontenan wilujeng nir sambikolo kalis ing beboyo.
Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersanipun junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabatipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun Bapak Sumarno dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putri ingkang asesilih Raden mas bagus Budiyono (roro diyah ayu Budiyani) ing pangajab, mugi-mugi dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah. Amin.
Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.
Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah ing pawiwahan Walimatul urus siang/dalu puniko.
Pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik, rinampat soho rinumpoko.
Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih, atur pambuko
Kalajengaken wahosan ayat-ayat suci Al-Quran dhumawah adicoro ongko kalih
Adicoro ongko tigo, dhawuh-dhawuh pangendikan
1) Saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten
2) Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati
Wondene adicoro ingkang ongko sekawan nun inggih inti, Walimatul ursy
Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah
Wondene adicoro ingkang ongko nem, nun inggih do'a minongko panutuping adicoro
Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala.
LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH
Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-ayat suci Al-Quran, ananging sak derengipun waosan ayat-ayat suci Al-Quran kalaksanan, sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo, dhumateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat-ayat suci Al-Quran ingkang bade kawahos dening sederek Ustadz Muhammad Zain saking Limpung, wekdal soho sasono kawulo aturaken
Mekaten menggah waosan ayat-ayat suci Al-Quran sinartan ing pamuji, mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Allah SWT, Amiin yaa Robbal 'aalamiiin...
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan
Tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga pinanganten wekdal saha sasana kawula aturake.
Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco
Selajengipun inggih puniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun Bapak Sumarno badhe marak ngabiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening Bapak Bejo Sartono, pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.
Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika. Sumangga….
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.
Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan (bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu, pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah, ingkang meniko panjenengan ipun Bapak Sumarno, dalah gotrah keluwargo ngeryoso panjenengan ipun Romo Kyai Abdul Fatah ingkang gambuh salwiring kaweruh, kersoho paring warsito woro utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.
Pramilo domateng panjenengan ipun Romo Kyai Abdul Fatah. Wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.
Minangka adicara ingkang terakhir nun inggih do'a, ingkang insya allah badhe kapandegani dening Bapak Kyai Nasiruddin.
Ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng Bapak Sumarno keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu.
Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami
Wassalamualaikum warohmatullahi wabarokatuh
Lan dumateng Bapak Kyai Nasiruddin, wekdal saha sasana kawula aturaken.
Semoga bermanfaat 

%20Walimatul%20Ursy%20Bahasa%20Jawa.jpg)